Quantcast
Channel: Forum KAD - Come As Guests Stay As Family
Viewing all articles
Browse latest Browse all 16953

Ditilang Polisi, Wong Kie Diprentah Ngrungokna Suara Knalpote Dewek Nganti Nggerung-nggerung

$
0
0
Nganti siki esih bae akeh ditemokna wong nggo motor, nganggo knalpot mengengi. Senajan wis dilarang pihak kepolisian, akeh bae bocah nom sing ora matuhi peraturane kuwe.
Mbuh apa maksude wong nggunakna knalpot suarane mbrisiki kie, padahal seliyane nglanggar peraturan, knalpot sing pengeng kuwe ngganggu kupinge wong akeh.
Mugane aja pada heran nekan ana pihak kepolisian apa masyarakat sing kesum karo wong-wong sing ngeyel nggunakna knalpot ora standar kuwe.
Kaya maring bocah nom sing pengin keton keren karo knalpot pengenge. Deweke kena watune dewek. Pas liwat dalanan ning Sukabumi, Jawa Barat, bocah nom sing nggunakna knalpot pengeng kie terjaring razia Kepolisian Polres Sukabumi.
Akibate polisi sing nilang motor knalpot pengeng kie ngukum sing nduwe kon nggrungokna dewek pengenge knalpote.
Tujuanne tentu ben bocah kie nyadar menawa knalpot nduweke kuwe ngganggu kupinge wong akeh. Apamaning motor sing ditumpaki bocah kuwe ora dipepeki karo plat nomer lan spion.
Liwat akun media sosiale, pihak kepolisian Sukabumi mengimbau ben tindakan kaya kie ora apik ditiru ding pengguna dalan liyane. Kepolisian nyaranna ben nggunakna kendaraan karo knalpot gawahans ekang pabrik sing wis bersertifikat SNI (Standar Nasional Indonesia).
“Aja ngganti karo knalpot pengeng apa knalpote dibobok, ngormati sesama pengguna dalan ben aman, selamat lan tertib berlalu lintas,” ujare pihak Kepolisian Sukabumi kaya sing dikutip superseru.com, Kemis (5/5).
Rupane hukuman kuwe disambut positif ding masyarakat. Pasale memang akeh sing rumangsa keganggu ding tambah marake kendaraan sing nganggo knalpot ora standar.
“Setuju banget, nekan ana sing nganggo kenalpot pengeng memang gawe jengkel, brisik banget! Mending nganggo sing standar bae ben ora akeh sing keganggu,” ujare akun Herna Rachman ngomentari foto kuwe.
“Bener pak, nek perlu lakokma kabeh maring sing nduwe kenalpot pengeng kaya kuwe. Soale banget ngganggune terus ngresahna, apamaning nekan wis mlebung komplek perumahan gawe bocah cilik sing lagi pada istirahat dadi tangi. Gedeg pisan!!,” keluhe ibu-ibu sing arane Hanni Aryani.
Mugane aja pada seneng bertingkah arogan ya! Seliyane nglanggar peraturan, tindakan kaya ning nduwur dikecam ding wong akeh. Meski ora disampekna secara langsung, akeh wong sing pada nggrundeng gara-gara aksi ora terpuji kuwe. (ath@)
Sumber – Superseru

Viewing all articles
Browse latest Browse all 16953

Trending Articles